Ketéla pohung utawa singkong utawa kaspé, utawa sajeroning Basa Indonésia ubi kayu utawa ubi pohon, iku tetuwuhan taunan tropika lan subtropika saka kulawarga Euphorbiaceae. Uwiné dikenal minangka panganan pokok sing ngasilaké karbohidrat lan godhongé minangka janganan.
Téla pohong ing tlatah Surabaya karan menyok, ing tlatah Banyumasan diarani bodin, yèn ing tlatah Kulon Praga sisih lor lan sapérangan Magelang sinebut jendal ya iku jinis tetuwuhan kang biyasa ditandur ana ing tegalan ing mangsa rendheng. Tela kang ditandur ing taun tropika lan subtropika asalé saka kulawarga Euphorbiaceae. Umbiné mumpangaté akèh, salah sijiné bisa kanggo bahan panganan pokok lan ngasilaké karbohidrat lan godhong bisa kanggo sayuran. Godhong téla iku jenengé jlegur. Umbi téla kang ana ing lemah (siti) mertandhakaké, tetuwuhan iki kagolong ing suku palakepedhem, duwé oyot kang dadi pohung utawa umbi. Kanthi duwé titikan wujudé rata-rata gilig lan lonjong. Ing pohong duwé garis tengah kurang luweh 2–3 cm lan dawané kira-kira 50–80 cm. Dawa lan gedhené téla bisa diprabawai saka jinisé kang ditandur ana ing tegalan. Werniné tela ana loro putih lan kuning.
Jinis ketéla pohung Manihot esculenta sepisanan dikenal ing Amérika Kidul banjur tumangkar ing mangsa pra-sajarah ing Brasil lan Paraguay. Jinis-jinis modhèren saka spésies sing wis dibudidaya bisa tinemu tuwuh ing Brasil kidul. Sanadyan spésies Manihot sing alasan akèh, kabèh varitas M. esculenta bisa dibudidaya.
Prodhuksi ketéla pohung donya dikira-kira ngancik 184 yuta ton ing taun 2002. Sapérangan gedhé prodhuksi diasilaké ing Afrika 99,1 yuta ton lan 33,2 yuta ton ing Amérika Latin lan Kapuloan Karibia. Téla ditandur ing Indonésia kanggo panganan pokok (mangsa iku Hindhia Walanda) lan didol ing taun 1810[1], lan sadurungé kawanuhaké karo wong Portugis ing abad kaping 16 ning Nuswantara saka Brasil.
Ing sawatara nagara, ketéla pohung wis akèh digawé bahan bakar ethanol, lan ketéla pohung dadi bahan bakar wigati [3].
Ketéla pohung biyasa kanggo panganan kéwan. Damèn godhong ketéla pohung sing wis digaringaké sadina utawa rong dina dianggo panganan kéwan kaya déné sapi, wedhus utawa wedhus gibas.