dcsimg
Image of Xanthomonas juglandis
Unresolved name

Prokaryota

Prokariota ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages
 src=
Diagram saka sèl baktèri prokariotik.
 src=
Perbandingan Eukariota vs. Prokariota
Animasi 3D saka sèl prokariotik kang nuduhaké kabèh pérangané

Prokariota iku organisme sing ora duwé nuklei lan membran kanggo nyimpen bahan-bahan genetika (béda banget karo organisme Eukariota sing duwé nuklei lan membran sajeroning inti sèlé, saéngga bahan-bahan genetikané kakumpul ing nuklei mau) lan lumrahé minangka organisme uniselular (nanging sajeroning sawatara kasus, ana uga organisme prokariota sing multiselular).

Akèh-akèhé prokariota iku baktèri. Carl Woese, sawijining ahli mikrobiologi saka Amérikah Sarékat, mbagi prokariota dadi baktèri lan archaea (karan uga eubacteria lan archaebacteria) amarga ana prabédan gedhé ing susunan genetik saka kaloroné. Pambagéan dadi eukariota, baktèri, lan archaea karan uga sistem telung domain.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia