dcsimg

Mlathi ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Mlathi (Jasminum sambac) iki kalebu kaluwarganing Jasminum.[1] Tuwuhan iki kasebar ing saindhenging donya, ing tlatah tropis nganti tlatah sub-tropis.[1] Lan duluré uga ana 300 rupa sing dikénal ing donya.[1] Iki kalebu jinis tetuwuhan sing thukulé ngerambat lan bisa ditandur ning endi-endi papan panggonan.[1]

Kembang mlathi lumrahé wernané putih, lan ana sing rada semu kuning.[1] Mlathi ana sing makuthané manunggal uga ana kang makuthané rangkep dadi katone kaya tumpuk tinumpuk.[1] Karana ambuné sing arum lan kuwat, mila kembang iku akèh gunané.[1] Saliyané kanggo wangen-wangen, mlati uga didadèkaké rerenggan kanggo temantén wadon ing Asia Kidul lan Asia Tenggara, kalebu Tanah Jawa. Mlathi lumrahé urip ing laladan tropis.[1]

Nanging saliyané iku, mlati uga didadékaké campuran kanggo unjukan tèh, sing lumrahé dijupuk saka tèh ijo.[1]

Puspa Bangsa

Jaman pamaréntahan Présidhèn Soeharto, pamaréntah ngukuhaké Surat Dudutan Présidhèn Nomor 4 taun 1993.[1] Ing surat iki ngukuhaké Hari Cinta Puspa dan Satwa Nasional tanggal 5 November 1993.[1]

Dina iku uga, ana telung kembang kang dikukuhaké dadi idéntitas Bangsa Indonésia.[1] Puspa (tuwuhan utawa flora) kang dikukuhaké ya iku Puspa Bangsa, Puspa Pesona, lan Puspa Langka.[1] Déné kang dikukuhaké dadi Puspa Bangsa ya iku kembang mlathi utawa kang duwé jeneng latin Jasminum sambac.[1]

Kagunan

Kembang mlathi bisa kanggo bunga tabur lan indhustri tèh.[2] Saliyané iku kembang mlathi uga bisa dadi farfum, wewangen ruwang, bahan kosmétik, obat utawa farmasi, lan dadi aroma terapi.[2]

Tèh Mlathi

Tèh mlathi uga diarani tèh wangi.[3] Diarani tèh wangi amarga ambuné kang wangi amarga duwé aroma saka godhong tèh kang pancén wis wangi lan ketambahan aroma kembang mlathi kang sangsaya wangi.[3] Tèh mlathi kalebu tèh kang populér ing Indonésia.[3] Tuladhané tèh ijo kang dicampur kembang mlathi lan kembang gambir saéngga wangi mlathi lan wangi kang kas sangsaya krasa nalika tèh digawé wédang tèh lan dicongi banyu panas.[3]

Saka hasil riset nerangaké yèn tèh mlathi bisa ngurangi kolésterol lan nggawé seger awak.[3]

Minyak Mlathi

Mlathi bisa didol dadi kembang roncén utawa didol nalika kembang isih seger.[4] Didol roncén lumrahé kanggo rerenggan ngantén lan kanggo asesoris jogèd.[4] Yèn didol nalika dadi kembang kang isih séger iku lumrahé kanggo kembang tabur.[4]

Saliyané iku, mlathi uga bisa diolah dadi Essential Jasmine Oil.[2] Kanggo nyuling kembang mlathi mbutuhaké tèknologi mirunggan.[4] Kembang mlathi ora kena diékstrak ing suhu kang dhuwur, amarga ékstrak kembang mlathi gampang nguap.[4]

Kembang mlathi kang diolah kudu kembang mlathi kang isih seger.[4] Mulané indhustri kanggo ngolah mlathi supaya bisa dadi ekstrak kudu cerak karo sentra budidaya mlathi.[4]

Ékstraksi lenga mlathi ya iku prosés kanggo ngéntoké lenga mlathi saka kembang mlathi.[5] Ana rong cara utawa métodhe ékstraksi kanggo njupuk ékstrak mlathi.[5] Kang sapisan kanthi cara nglarutaké ing pelarut kang gampang nguap utawa kang diarani solvent extraction lan ekstraksi nganggo lemak padat kang diarani enfleurasi.[5]

Teknologi ekstraksi duwé divérsifikasi aji tambah tumrap pamanfaatan kembang mlathi.[2] Mlathi ora mung bisa didol nalika dadi kembang kang isih seger nanging uga bisa diolah lan bisa awét suwé.[2] Saliyané iku mlathi luwih migunani.[2] Mlathi kang bisa diolah dadi ékstrak mlathi kanggo digawé lenga mlathi utawa farfum ya iku kembang melati putih utawa kang duwé jeneng latin Jasmimum sambac.[2] Kejaba iku kembang melati gambir utawa Jasmimum officinale uga kena diolah dadi lenga atsiri kembang mlathi.[2] Indonésia dadi nagara kang mroduksi lenga atsiri kanggo nagara-nagara donya cacahé 60 persén kanggo kabéh panduduk sadonya.[6]

Jinising mlathi

Gladri Mlathi

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n Disiniada.info(dipunundhuh tanggal 2 Mèi 2011)
  2. a b c d e f g h Situs Deptan(dipunundhuh tanggal 2 Mèi 2011)
  3. a b c d e Situs Sosro(dipunundhuh tanggal 2 Mèi 2011)
  4. a b c d e f g Saptamitra Pantura(dipunundhuh tanggal 2 Mèi 2011)
  5. a b c Situs ITB(dipunundhuh tanggal 2 Mèi 2011)
  6. Trubus Online(dipunundhuh tanggal 2 Mèi 2011)

Pranala njawa

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Mlathi: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Mlathi (Jasminum sambac) iki kalebu kaluwarganing Jasminum. Tuwuhan iki kasebar ing saindhenging donya, ing tlatah tropis nganti tlatah sub-tropis. Lan duluré uga ana 300 rupa sing dikénal ing donya. Iki kalebu jinis tetuwuhan sing thukulé ngerambat lan bisa ditandur ning endi-endi papan panggonan.

Kembang mlathi lumrahé wernané putih, lan ana sing rada semu kuning. Mlathi ana sing makuthané manunggal uga ana kang makuthané rangkep dadi katone kaya tumpuk tinumpuk. Karana ambuné sing arum lan kuwat, mila kembang iku akèh gunané. Saliyané kanggo wangen-wangen, mlati uga didadèkaké rerenggan kanggo temantén wadon ing Asia Kidul lan Asia Tenggara, kalebu Tanah Jawa. Mlathi lumrahé urip ing laladan tropis.

Nanging saliyané iku, mlati uga didadékaké campuran kanggo unjukan tèh, sing lumrahé dijupuk saka tèh ijo.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia