dcsimg

Lintah ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

'Lintah' lan pacet iku kéwan sing kagabung sajeroning filum Annelida subkelas Hirudinea, papan uripe ing dharatan, banyu tawa, lan segara. Pambédané pacet lan lintah ora saka taksonomi, nanging saka papan uripé waé. Lintah seneng ing banyu, déné pacet ing lemah lan wit-witan. Kaya déné kerabaté, Oligochaeta, pacet duwé klitelum. Kaya déné cacing lemah, pacet uga hermaprodit (duwé kelamin dhobel). Pacet obat Éropah, Hirudo medicinalis, wis ana kawit biyèn dimupangataké kanggo ngetokaké getih (plebotomi) kanthi médhis.

Kabèh spésies pacet iku karnivora. Sapérangan wujud prédhator, éntuk pangan saka manéka jinis invertebrata kaya ta cacing, keong, utawa larva gegremet.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia