dcsimg
Image of Strawberry anemones
Life » » Animals

Cnidarians

Cnidaria

Cnidaria ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Cnidaria iku divisi saka kingdom animalia [5]. Dijenengi Cnidaria amarga kéwan iki duwé sel knidoblast kang isiné organel antup.[6] Ana paling ora 10.000 spésies melbu ing filum Cnidaria.[6] Akeh-akèhé spésies kang mlebu ing filum iki uripé ing laut.[6] Ana sapérangan Cnidaria kang uripé dhéwékan utawa soliter lan sebagiéyan manèh uripé koloni.[6] Cnidaria mung duwé bolongan siji kang gunané kanggo tutuk lan kanggo anus.[6] Cnidaria njupuk buruané nganggo téntakelé.[6] Rupane Cnidaria iku ana loro kang kapisan iku polip lan kaping pindho iku médhusa.[6] Polip iku maksudé rupané kaya tabung lan duwé cangkem ing pérangan dorsal kang ana tentakelé, cangkeme ana ing sisih ngisor.[6] Médhusa iku maksudé rupané kaya cakram lan diubengi tentakel.[6]

Jinisé Cnidaria

  • Hydrozoa : akèh-akéhé Hydrozoa urip ing laut lan cara uripé kelompokan utawa koloni. Contoné hydrozoa iku Hydra.[6]

Hydra ya iku Hydrozoa soliter (urip dhéwé-dhéwé) sing uripé ing banyu tawa.

  • Scyphozoa : Scyphozoa iku asalé saka tembung skyphos kang artiné tutup lan zoon kang artiné kéwan. Contoné Scyphozoa iku Aurelia Aurita utawa uwur-uwur.[7]
  • Anthozoa : Anthozoa iku asalé saka tembung Anthos kang artiné kembang lan zoon kang artiné kéwan. Dadi arti Anthozoa iku kéwan kang kaya kembang. Contoné Anthozoa iku Anemon llaut lan kembang-kembang karang.[7]

Cathetan suku

  1. Classes in Medusozoa based on "ITIS Report – Taxon: Subphylum Medusozoa". Universal Taxonomic Services. Dijupuk 2018-03-18.
  2. Collins, A.G. (May 2002). "Phylogeny of Medusozoa and the Evolution of Cnidarian Life Cycles" (PDF). Journal of Evolutionary Biology 15 (3): 418–432. doi:10.1046/j.1420-9101.2002.00403.x. Dijupuk 2008-11-27.
  3. Wallberg, A.; Thollesson, M.; Farris, J.S. & Jondelius, U. (2004). "The phylogenetic position of the comb jellies (Ctenophora) and the importance of taxonomic sampling". Cladistics 20 (6): 558–578. doi:10.1111/j.1096-0031.2004.00041.x.
  4. Subphyla Anthozoa and Medusozoa based on "The Taxonomicon – Taxon: Phylum Cnidaria". Universal Taxonomic Services. Diarsip saka sing asli ing 2007-09-29. Dijupuk 2007-07-10.
  5. (Pratiwi, D.A.(2007)."Biologi SMA untuk Kelas X Jilid 1".Jakarta:Erlangga. Hal.171)
  6. a b c d e f g h i j (Pratiwi, D.A.(2007)."Biologi SMA untuk Kelas X Jilid 1".Jakarta:Erlangga. Hal.175)
  7. a b (Pratiwi, D.A.(2007)."Biologi SMA untuk Kelas X Jilid 1".Jakarta:Erlangga. Hal.177)
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Cnidaria: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Cnidaria iku divisi saka kingdom animalia . Dijenengi Cnidaria amarga kéwan iki duwé sel knidoblast kang isiné organel antup. Ana paling ora 10.000 spésies melbu ing filum Cnidaria. Akeh-akèhé spésies kang mlebu ing filum iki uripé ing laut. Ana sapérangan Cnidaria kang uripé dhéwékan utawa soliter lan sebagiéyan manèh uripé koloni. Cnidaria mung duwé bolongan siji kang gunané kanggo tutuk lan kanggo anus. Cnidaria njupuk buruané nganggo téntakelé. Rupane Cnidaria iku ana loro kang kapisan iku polip lan kaping pindho iku médhusa. Polip iku maksudé rupané kaya tabung lan duwé cangkem ing pérangan dorsal kang ana tentakelé, cangkeme ana ing sisih ngisor. Médhusa iku maksudé rupané kaya cakram lan diubengi tentakel.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia